Sabtu, April 20, 2019

Lirik Lagu Jawa Gethuk Lindri

Lirik lagu Daerah Jawa.

Judul Lagu: Gethuk Lindri.
Genre Lagu: Jawa, Pop.

Lirik Lagu Jawa Gethuk Lindri

Gethuk lindri teko blauran
Sing dodol ning suminten
Kulo ngriki pados seduluran
Nek lepat nedi sepunten

Gethuk gethuk lindri
Nek wis pethuk mas senenge ati

Arang-arang sarung songketan
Timbang ngganteng penak menisan
Gak nglarang sampean jogetan
Pokok gak toroq duit arisan

Gethuk gethuk pohong
Nek pethuk mas atiku bingung

Reff :

Gethuk lindri soko kutho solo
Bakule mbakyu broto
Dasar besus niti busono
Nritil trampil ngadi saliro

Gethuk mas gethuk jemblem
Nek wis pethuk mas atiku ayem

Gethuk jemblem sak gulane
Mangan telo dicampur tahu
Ati ayem pethuk arek’e
Kapan boyong dadi bojoku

Gethuk lindri
Yen kepethuk mas ayeme ati

Reff :

Jangan krokot jangane alot
Metik siji wadai wakul
Tresno abot manjing sadulur
Nadyan gak dadi pokoke kok kumpul

Gethuk mas gethuk pohong
Yen ora pethuk mas atiku bingung
Gethuk pohong dicampur telo
Montor sedan ra duwe klakson
Ati bingung mikirno sopo
Tuas edan ora kelakon

Gethuk gethuk lindri
Nek wis pethuk senenge ati
Gethuk gethuk pohong
Nek ora pethuk mas atiku bingung

Gethuk jemblem
Nek wis pethuk mas atiku ayem
Gethuk lindri
Nek ra pethuk jarene aluwung mati

Subscribe ke channel ini