Selasa, April 23, 2019

Lirik Lagu Jawa Aja Lamis

Lirik lagu Daerah Jawa.

Judul Lagu: Aja Lamis.
Genre Lagu: Jawa, Pop.

Lirik Lagu Jawa Aja Lamis

Bawa Sinom:
Yen kowe seneng lelewa
Adhakane seneng lamis
Becik aluwung prasaja
Mung welingku aja lamis
Yen kowe seneng lamis
Gampang kena ing bebendu
Tumraping sasrawungan
Mbok aja sok dhemen lamis
Seneng lamis padha karo dhemen cidra

Langgam:
Aja sok gampang janji yen ta amung lamis
Becik aluwung prasaja nimas ora agawe gela
Tansah ngugemi tresnamu wingi jebul amung lamis
Kaya ngenteni thukuling jamur ing mangsa ketiga
Aku iki prasasat lara tan antuk jampi
Mbok aja amung lamis kang uwis dadine banjur ndhidhis
Akeh tuladha kang dhemen cidra uripe rekasa
Milih sawiji endi kang suci tanggung bisa mukti

Subscribe ke channel ini