Rabu, April 24, 2019

Lirik Lagu Jawa Dwi Ratna & Sodiq - Kawin Benjang Nopo

Lirik lagu Daerah Jawa.

Artis/Penyanyi: Dwi Ratna & Sodiq.
Judul Lagu: Kawin Benjang Nopo.
Genre Lagu: Jawa, Pop.

Lirik Lagu Jawa Dwi Ratna & Sodiq - Kawin Benjang Nopo

Pa:
Nduk nduk aku takon
Wangsulono sing prasojo
Kowe wis dewoso
Kerep diapeli joko
Kae jane sopo dolan kok ora wayahan
Dirasani tonggo jare kok di dol murahan

Pi:
E.. golek perkoro rasanan waton suloyo
Ngomong didol murah
Nopo kulo towo towo
Bapak kulo bloko niki ngenten calon kulo
Aduh biyung romo
Kulo kawin benjang nopo

Pa:
E e jo srampangan nduk
Kawinan perlu pitungan
Pathokan dino pasaran
Palintangan dino klairan

Pi:
Nili wau coro nopo pak
Lha kok koyo ngitung dagangan
Ndiko ngawinke anak
Nopo ngawinke pitungan
Ndiko mgawinke anak 
Nopo ngawinke pitungan

Pa:
Nduk rungokno yo omonge bapak
Wong rumah tangga perlu pitungan
Tegese dino pasarane calon bojomu
Karo pasaranmu
Jumlah ketemu piro? tegese
Siji tibo pangan
Loro tibo pangan
Telu tibo gedhong
Papat loro limo pati
Lha bapak biyen tibo klumah nduk ha

Subscribe ke channel ini