Senin, April 22, 2019

Lirik Lagu Jawa Endahe Katresnan

Lirik lagu Daerah Jawa.

Judul Lagu: Endahe Katresnan.
Genre Lagu: Jawa, Pop.

Lirik Lagu Jawa Endahe Katresnan

Padhange rembulan suminar sajroning wengi 
iki wengi iki agawe saya endah rasaning ati
semilir angine karasa ing sak jroning ati
jroning ati agawe saya kangenku mring slirane 
Kang seprene ra ana kabar lan ceritane

Tak anti-anti rina lan wengi
Mirenga tangisku iki
Tak tunggu-tunggu neng endi dunungmu
Tresnaku ya mung sliramu

Tetesing waspaku iki pratandha setya lan tuhu
Getering atiku iki pratandha kangen atiku
Adhuh-adhuh aku kangen ku kangen aku kangen
Tresnaku iki ya mung siji nggo sliramu

Rembulan seksekna yen aku sak jroning wengi iki
Wengi iki netepi kabeh sumpah lan janji-janji
Lan sekseni tresnaku siji ya mung sliramu

Subscribe ke channel ini