Selasa, April 23, 2019

Lirik Lagu Jawa Reformasi

Lirik lagu Daerah Jawa.

Judul Lagu: Reformasi.
Genre Lagu: Jawa, Pop.

Lirik Lagu Jawa Reformasi

He reformasi he silih berganti he ojo ojo lali niat
Kang suci kabeh rakyate bisa madhangi
He reformasi he penuh tragedi he tak kandhani 
Kudu eling lan waspada caket mring Gusti

Mas mas mas ojo lali mas
He sayuk sing rukun
Mas mas mas ojo suloyo rebut bener tundhone dadi keblinger
Mas mas mas reformasi tulus lan sici adil makmur sak negari

Reformasi

Jamane reformasi kabare kana kene demonstrasi
Bumine kaya digoncang adhuh kang ngalor ngidul kebingungan
Bebasan maju perang pindhahe magut ing tengah palagan
Berjuang mati matian amrih makmur murah sandhang pangan

Jamane reformasi aja salah aja lali sing ngati ati
Yen kowe ora ngerti takokna karo sing ngerti apa ta reformasi
Jamane perubahan kabeh sarwa nganggo aturan
Aja sembarangan aja gampang kesurupan 
karo pakartine setan mengko mundhak salah jalan

sayuk rukun sak pungkure pamrihe ayem tentrem
kawulane mugi Gusti hamarengke Indonesia jaya sak lawase

Subscribe ke channel ini