Senin, April 22, 2019

Lirik Lagu Jawa Sopo Sing Marahi

Lirik lagu Daerah Jawa.

Judul Lagu: Sopo Sing Marahi.
Genre Lagu: Jawa, Pop.

Lirik Lagu Jawa Sopo Sing Marahi

Pa:
Yen malem minggu kowe mesthi dandan ayu
Mboh ora ngerti kowe mesthi mulih wengi
Aku wong lanang aja mung dianggep gampang
Ja mentang-mentang wong wadon kok golek menang


Pi:
Mas tak kandhani jane sapa sing marahi
Aku mung meneng nanging kowe ora ngerti
Yen aku lunga nanging ora neka neka
Atiku anyel aku dolan nggone kanca


Pa:
E e alah Gusti wong wis salah kok isih nyauri
Apa wis ora ngerti wong wadon kok dolan wengi 


Pi:
Mas mas aja duka mas aku lunga ora apa-apa
Yen pancen luput aku nyuwun pangapura


Pa:
Mula saiki ayo padha ngati-ati
Ja padha nganti pasulayan rina wengi
Tak suwun bisa urip tentrem lan raharja
Urip neng donya ora luput sambikala

Subscribe ke channel ini