Senin, April 22, 2019

Lirik Lagu Jawa Pak Rebo

Lirik lagu Daerah Jawa.

Judul Lagu: Pak Rebo.
Genre Lagu: Jawa, Pop.

Lirik Lagu Jawa Pak Rebo

Pak Rebo e e e pak Rebo
Pak Rebo laire dina Kemis
Yen Setu dodolan neng pasar Senen
Slasa Jumat mulih neng pasar Minggu


Ja ngono aja ngono
Ja ngono dadi wong aja lamis
Neng ngarep mesem mantep sajak gelem
Neng mburine ngelek-elek ra karuan


E tuku piring duwite pas-pasan
E sing dha eling urip mung sepisan


Pak Rebo e e e pak Rebo
Pak Rebo laire dina Kemis
Yen Setu dodolan neng pasar Senen
Slasa Jumat mulih neng pasar Minggu 

Randha pindho randha ping pindho
Randha pindho aja sok ngaku gadis
Yen lanang nduwe putu ngaku jaka
Neng ndonyane edan rak uwis-uwis


Pak Rebo e e e pak Rebo
Pak Rebo laire dina Kemis
Yen Setu dodolan neng pasar Senen
Slasa Jumat mulih neng pasar Minggu


Duwitmu omahmu bandhamu ora bakal melu
Yen uwis tekan titi wanci kadonyan ora bakal ana tegese

Subscribe ke channel ini