Senin, April 29, 2019

Lirik Lagu Jawa Terlena

Lirik lagu Daerah Jawa.

Judul Lagu: Terlena.
Genre Lagu: Jawa, Pop.

Lirik Lagu Jawa Terlena

Tansah kagawa jroning atiku
Setya tresnamu
Lilo legawa kabeh tresnaku
Oh mring sliramu
Terlena kuterlena

Tansah kelingan tan bisa lali
Setya lan janji
Lintang rembulan kang dadi seksi
Oh anyekseni
Terlena oh terlena

Nanging kabeh tandha tresna
Nora nate dadi rena
Malah sliramu gawe cidra 
Biyen jare kandha setya
Nora bakal gawe gela
Malah saiki sajak lelewa
Adhuh kangmas 
Gawe cuwa atiku

Nadyan kuciwa rasa atiku
Marang sliramu
Nora kuwawa pancen tresnaku
Amung sliramu

Terlena ku terlena
Terlena ku terlena

Subscribe ke channel ini