Kamis, Mei 09, 2019

Lirik Lagu Jawa Syair Gusdur

Lirik lagu Daerah Jawa.

Judul Lagu: Syair Gusdur.
Genre Lagu: Jawa, Pop.

Lirik Lagu Jawa Syair Gusdur

Astaghfirulloh robbal barooyaa
Astaghfirulloh minal khothooyaa
Robbi zidnii ‘ilman naafi’aa
Wawaffiqnii ‘amalan shoolihaa

Yaa Rosulalloh salamun’alaik
Yaa Rofi’assyaani waddaroji
‘Athfatayyajiirotal ‘aalami
Yaa uhailaljuudi wal karomi 2x

Ngawiti ingsun, nglaras syi’iran
Kelawan muji maring pengeran,
Kang paring rohmat lan kenikmatan,
Rino wengine tanpo pitungan 2X

Dhuh bolo konco, Piiyo wanito
Ojo mung ngaji syare’at bloko,
Gur pinter ndongeng nulis lan moco,
Tembe mburine bakal sangsoro 2X

Akeh kang apal, Qur’an haditse
Seneng ngafirke marang liyane,
Kafire dewe dak digatekke,
Yen isih kotor ati akale 2X

Gampang kabujuk, nafsu angkoro
Ing pepaese gebyare ndunyo,
Iri lan meri sugihe tonggo,
Mulo atine peteng lan nistho 2X

Ayo sedulur, jo nglale’ake
Wajibe ngaji sak Pianatane,
Nggo pindelake iman tauhite,
Baguse sangu mulyo matine 2X

Kang aran soleh, bagus atine
Kerono mapan sari ngelmune,
Laku thoreqot lan ma’rifate,
Ugo haqeqot manjing rasane 2X

Alquran qodim, wahyu minulyo
Tanpo tinulis biso diwoco,
Iku wejangan guru waskito,
Den tancepake ing jero dodo 2X

Kumanthil ati, lan pikiran
Mrasuk ing badan kabeh jeroan,
Mu’jizat rosul dadi pedoman,
Minongko dalan manjinge iman 2X

Kelawan Alloh, kang moho suci
Kudu rangkulan rino lan wengi,
Ditirakati diriyadlohi,
Dzikir lan suluk jo nganti lali 2X

Uripe ayem, rumongso aman
Dununge roso tondho yen iman,
Sabar narimo najan pas pasan,
Kabeh tinakdir saking pengeran 2X

Kelawan konco, dulur lan tonggo
Kang podho rukun ojo daksiyo,
Iku sunnahe rosul kang mulyo,
Nabi Muhammad panutan kito 2x

Ayo nglakoni, sekabehane
Allah kang bakal ngangkat drajate,
Senajan ashor toto dhohire,
Ananging mulyo maqom drajate 2X

Lamun palastro, ing pungkasane
Ora kesasar roh lan sukmane,
Den gadhang Allah swargo manggone,
Utuh mayite ugo ulese 2X

Yaa Rosulalloh salamun’alaik
Yaa Rofi’assyaani waddaroji
‘Athfatayyajiirotal ‘aalami
Yaa uhailaljuudi wal karomi 2x

Subscribe ke channel ini