Selasa, April 23, 2019

Lirik Lagu Jawa Aku Dudu Raja

Lirik lagu Daerah Jawa.

Judul Lagu: Aku Dudu Raja.
Genre Lagu: Jawa, Pop.

Lirik Lagu Jawa Aku Dudu Raja

Aku pancen uwong sing tuna aksara
Ora bisa nulis ora bisa maca
Nanging ati iki isih duwe rasa
Rasa tresna kaya tumrape manungsa

Aku pancen wong cilik ra kaya raja
Bisa mangan wae aku uwis trima
Nanging ati iki isih duwe rasa
Jroning batin sak tenane pengin kandha

Pupus godhong gedhang ajang pincuk saiki wis ra kelingan
Briting pringe garing mbok apusi awakku ya nganti gering
Klaras godhong gedhang sing tak gagas saiki wis ra kelingan
Tiwas ketiwasan melu nandur tresna aku ra keduman

Subscribe ke channel ini