Senin, April 22, 2019

Lirik Lagu Jawa Bebaya Marga

Lirik lagu Daerah Jawa.

Judul Lagu: Bebaya Marga.
Genre Lagu: Jawa, Pop.

Lirik Lagu Jawa Bebaya Marga

Malem minggu kutha Sala pancen rame
Abang biru speda motor sak wernane
Pating sliwer kaya padha rebut banter
Nora bener tanpa tandha waton minger


Ja sembrana gatekna tandha ing marga
Dha elinga bebaya kang nggondhol nyawa
Para mudha keh-akehe tanpa duga
Dupeh bisa ora eling mring bebaya


Tumrap para pengemudi apa wae
Dha nindakna lalu lintas praturane
Gambar cumplung njaban kutha wigatekna
Aja mbambung mlebu kutha den elinga


Praturane lalu lintas sak temene
Mamrihake keslametan sapa wae
Mendhak dene yen ta padha nindakake
Negarane tete harja lan tentreme

Subscribe ke channel ini