Selasa, April 23, 2019

Lirik Lagu Jawa Cengkir Wungu

Lirik lagu Daerah Jawa.

Judul Lagu: Cengkir Wungu.
Genre Lagu: Jawa, Pop.

Lirik Lagu Jawa Cengkir Wungu

Bawa Asmarandana:
Wus koncatan tresna asih
Tanpa welas sira nimas
Wit saka hadreng karsane

Tega marang samubarang
Ingkang kasandhang benjang
Muga padha manggih hayu
Yuwana salaminira

Langgam:
Sak pungkure ora tau kelegan atine
Sedinane amung tansah keduwung tindake
Pinupusa kang sayekti wus dadi sedyane
Nora wurung pinenggakna tan becik dadine
Mung saiki kudu nrima nalongsa ing ati
Mrih yuwana kinalisna ing sambekala
Sateruse cengkir wungu wungune saka ketiban ndaru
Wis pasthine kowe owal karo aku

Subscribe ke channel ini