Selasa, April 23, 2019

Lirik Lagu Jawa Lela Ledhung

Lirik lagu Daerah Jawa.

Judul Lagu: Lela Ledhung.
Genre Lagu: Jawa, Pop.

Lirik Lagu Jawa Lela Ledhung

Bawa Mijil:
Cep menenga anakku cah manis
Aja gawe kagol
Kae katon rembulane gedhe
Gilar-gilar cahyane nelahi
Ayo sun dolani
Sak bisa bisaku

Langgam:
Tak lela lela lela ledhung cep menenga aja pijer nangis
Anakku sing bagus rupane yen nangis ndhak ilang baguse
Tak gadhang bisa urip mulya dadiya priya kang utama
Ngluhurke asmane wong tuwa dadiya pandekaring bangsa
Wis cep menenga anakku kae mbulane ndadari
Kaya ndhas buta nggilani arep nggoleki cah nangis
Tak lela lela lela ledhung cep menenga aja pijer nangis
Tak emban lendhang bathik kawung
Yen nangis ibu mundhak bingung

Subscribe ke channel ini