Senin, April 22, 2019

Lirik Lagu Jawa Lencir Kuning

Lirik lagu Daerah Jawa.

Judul Lagu: Lencir Kuning.
Genre Lagu: Jawa, Pop.

Lirik Lagu Jawa Lencir Kuning

Pring gading dinggo sulingan
Lencir kuning mung tansah dadi pikiran
Yen ketemu jantungku nganti deg-degan
Wiwitane deweke ngajak tepungan


Lambene sinigar jambe
Lencir kuning apa wis ana sing duwe
Adhuh lae atiku lha kok magkene yen kelingan
Kelingan esem ngguyune


Godhong suruh ketemu rose
Yen ginigit tunggal rasane ya mas ya pait rasane
Yen ra weruh karo deweke
Sanadyan sedina wae atiku banget kangene

Gedhang klutuk nggo pakan manuk
Manuk manyar banter mabure ya mas ya banter abure
Yen kepethuk jebule mung manthuk tapi samar
Piye dadine dheweke uwis ana sing nduwe

Subscribe ke channel ini