Selasa, April 23, 2019

Lirik Lagu Jawa Mung Sliramu

Lirik lagu Daerah Jawa.

Judul Lagu: Mung Sliramu.
Genre Lagu: Jawa, Pop.

Lirik Lagu Jawa Mung Sliramu

Sliramu rak ya kelingan janji tresna nalika semana
Sih kinasih tansah reruntungan kaya mimi lan mintuna
Sedina kaya setahun umpama pisah klawan sliramu
Pancen ora ana caritane pisah lahir lan batine

Wong manis gantilaning atiku
Piye piye aku manut sliramu 
yen pengin takon isi atiku
Kabeh mau amung kanggo sliramu

Wong ayu sinawang tambah ayu
Yen kelingan aku ra bisa turu
Yen nganti lali janji-janjimu bisa
Bisa awakku dadi kuru

Aku ra bakal lali rina wengi mung katon esemu
Saya suwe saya ra mboseni yen aku nyawang sliramu

Subscribe ke channel ini